Jumat, 12 Februari 2010

Sesorah Perpisahan

Nuwun,

Bapak kepala sekolah lan bapak ibu guru ingkang kula urmati, raka kelas 9 ingkang kula tresnani. Pudya puji pudyastuti katur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah dhumateng kula panjenengan sami.

Raka kelas sanga ingkang kula tresnani ingkang skedhap malih badhe nilaraken bangku pawiyatan ing SMP menika. Kula minangka wakilipun kelas pitu lan kelas wolu badhe ngaturaken panampi atur perpisahan saking raka kelas sanga. Kula ngraosaken bingah dene panjenengan sampun kasil medal saking SMP menika kanthi nganthongi ijasah mring SMA.

Kula sakanca badhe ngaturaken pangapura awit kekirangan lan kaluputan kula sakanca. Raka kelas sanga ingkang kula tresnani, kula sakanca ugi badhe ngaturaken matur nuwun paring pitedhah dhumateng rayi kelas pitu lan kelas wolu. Kula sakanca boten saged atur pinwales menapa-menapa naming atur matur nuwun wonten ngarsane. Kita namung saged mbales nggangge doa mugi-mugi sukses lan slamet.

Sejatinipun tugas para raka kelas sanga menika luwih abot maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula raka kelas sanga kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon ongkang para raka kelas sanga cita-citaaken saged dipuncapai.

Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging atur kawula, kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.

Nuwun.

12 komentar:

  1. aku copas ya?
    buat referensi ujian praktek.
    mmaturnuwun :))

    BalasHapus
  2. Tlong dong dong buatkan pidato perpishan bahasa jawa krama wkil kelaz 9?! Please. . . Sbentar lagy akn perpishan nich

    BalasHapus
    Balasan
    1. AKu punya.
      Assalamu’alaikum Wr. Wb.
      Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Kepala SMP Negri 7 Magelang
      Bapak, ibu guru ingkang dhahat kinabekten
      Rencang sedaya saha adhik kelas ingkang kula tresnani
      Mangga sederengipun nglajengaken acara, kula lan panjenengan tansah ngunjukaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang tansah paring rahma lan hidayahipun ngantos ing kalodhangan punika kita sedaya saget pinanggih ing papan punika kanthi sehat, kangge ngawontenaken perpisahan. Amien
      Para rawuh ingkang kinurmatan
      Salajengipun kula minangka wakil saking siswa kelas IX sedaya ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindan awit saking sih katresnan bapak / ibu guru ingkang sampun nggulawentah lan mulang wuruk kanthi sabar, tulus lan ikhlas. Saengga kula sakanca saged ngrampungaken sekolah sadangunipun kirang langkung 3 tahun. Mugi-mugi bapak, ibu guru pikantuk ganjaran ingkang langkung sae saking Gusti ingkang Maha Agung, Amin.
      Bapak, ibu guru tuwin adhik-adhik ingkang satuhu kula kurmati, sekedhap malih kula sarencang ninggalaken pawiyatan menika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar bapak/ibu guru saha adhik-adhik. Namung kawonten kedah mekaten, pramila kepeksa kula sakanca nilaraken bapak/ibu guru saha adhik-adhik kelas sedaya.
      Kula sakanca nglenggena bilih asring sanget sami damel Bapak lan Ibu guru duka. Pramila, kula sakanca nyuwun agunging samodra pangaksami. Salajengipun nyuwun tambahing berkah pangestunipun Bapak saha Ibu guru, supados kula sakanca dipunpipun kula badhe pados sekolah lan dipunparingi gampil anggenipun nempuh pendhidhikan ingkang langkung sae wonten jenjang sekolah ingkang langkung inggil.
      Kula sarencang tansah nyenyuwun lan dedonga mugi adhik-adhik sedaya saged kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika.
      Para rawuh ingkang kanurmatan,
      Mekaten ingkang saged kula haturaken. Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan menika kula pepanjang, prawila cekap semanten atur kula. Ing wasana, kathah galap gangsuling atur, kula nyuwun angunging pangaksami.

      Hapus
  3. aku copas buat tugas sekolah yaa ,matur nuwun:)

    BalasHapus
  4. thanks ya ...
    q maw copas hehehe

    BalasHapus
  5. thankkkks
    buat ujian praktik

    BalasHapus
  6. THANKS YA!!!!!
    aku copas

    BalasHapus
  7. Iya, sama-sama semua.. maaf selama ini saya pasif buat postingan lagi. Saya bakal buat lagi :)

    BalasHapus