Jumat, 12 Februari 2010

Sesorah Perpisahan

Nuwun,

Bapak kepala sekolah lan bapak ibu guru ingkang kula urmati, raka kelas 9 ingkang kula tresnani. Pudya puji pudyastuti katur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah dhumateng kula panjenengan sami.

Raka kelas sanga ingkang kula tresnani ingkang skedhap malih badhe nilaraken bangku pawiyatan ing SMP menika. Kula minangka wakilipun kelas pitu lan kelas wolu badhe ngaturaken panampi atur perpisahan saking raka kelas sanga. Kula ngraosaken bingah dene panjenengan sampun kasil medal saking SMP menika kanthi nganthongi ijasah mring SMA.

Kula sakanca badhe ngaturaken pangapura awit kekirangan lan kaluputan kula sakanca. Raka kelas sanga ingkang kula tresnani, kula sakanca ugi badhe ngaturaken matur nuwun paring pitedhah dhumateng rayi kelas pitu lan kelas wolu. Kula sakanca boten saged atur pinwales menapa-menapa naming atur matur nuwun wonten ngarsane. Kita namung saged mbales nggangge doa mugi-mugi sukses lan slamet.

Sejatinipun tugas para raka kelas sanga menika luwih abot maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula raka kelas sanga kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon ongkang para raka kelas sanga cita-citaaken saged dipuncapai.

Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging atur kawula, kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.

Nuwun.

Jumat, 08 Januari 2010

Parikan

Suka berpantun? Nah, kalau gitu kamu wajib tahu apa itu parikan.
Parikan adalah pantun dalam bahasa Jawa. Ada yang 2 baris, ada pula yang 4 baris. Ini adalah beberapa contohnya:
-Tuku lengo mlaku ngidul
Ana sing mengo, ketok sing gumandhul

-Gula Jawa rasane legi
Arep mulya kudu mersudi

-Wedang jeruk tanpa gula
Aja sok umuk tanpa guna

-Walang kekek mencok ning dipan
Simbah tuwek isih doyan jajan

Diatas adalah contoh pantun 2 baris, baris pertama sampiran, dan baris kedua isi.

Esuk nakir sore nakir
Kang ditakir godhong plasa
Esuk mikir sore mikir
Sing dipikir ora rumangsa

-Abang – abang gendera landa
Ngetan sithik kuburan mayit
Klambi abang kanggo tandha mata
Wedhak pupur kanggo golek dhuwit

-Suwe ora jamu
Jamu godhong jinten
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan gawe kangen

Kalau yang di atas adalah contoh parikan 4 baris. Baris pertama dan kedua berisi sampiran, dan baris ketiga dan keempat berisi isi. Rimanya pun bersajak a-b-a-b.
Jadi, intinya miripkan?

Sumber
http://njowo.multiply.com/notes/item/48